Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sonyaruri, O, O..
Rurah pangrehing ukara, O..
Karana tanpa palupi atilar susilastuti
Sarjana sujana kelu
Kalulun kalatidha tidhem tandhaning dumadi, O
Hartayengrat dening karoban rubeda, O, O..
Ratune ratu utama
Patihe patih linuwih
Pra nayaka tyas raharja, O..
Panekare becik becik
Parandene tan dadi, O
Paliyasing kalabendhu, O, O
Malah saya andadra
Rubeda kang ngreribeti, O..
Beda beda hardane wong sak negara, O..
Katetangi tangisira
Sira kang parameng kawi
Kawileting tyas dhuhkita ketaman ing reh wirangi
Dene ngupaya sandhi sumaruna hanarawung
Pangimur manuhara met pamrih melik pakolih
Temah sirna ing karsa tanpa weweka, O
Lir sadpadengsun kang tumiling
Mangulati puspita kang mèdem, O..
Endahe marni midering taman
Anon sekar warsigi, O..
Kumenyut ing tyas baya ta jatukrama, O..
Arum arum, O..
Lumrang kang sekar gadhung
Myang sri gadhing
Rerengganing taman sari, O..
Bremara ngingsep sarining
Mbrengengeng pindha pujining brahmana
Mangsah santi jaya-jaya, O
Mung cipta pukulun, O,
Tan nalywan kaeksi,
Mila katur kang cundhamanik,
Prasasat rageng,
Ulun kang sumembah,
Mungwing padanta prabu,
Myang kagunganta singsim, O..
Saksat sampun prapti,
Katon asta pukulun,
Wulat ten narapati, O..
Rama dewaningsun, E..
Esmu kamanungsanira,
Sawangnya gendreh memanis,
Liring edi kamantyan, O
Singa mulat lengleng brangta,
Singa mulat lengleng brangta, e..
Samudra tulya dreng
Wiraganya banyu sumaput wentis
Melek angganira sumingep nampeki
Migeg jangga kang warih
Acampuh samya ngedali
Lir thathit wileting gada
Dhanywang gung manguncang niti
Benjang sang aji mijil
Lathinya ngedali wuwus
Trustha sura wilaga
Kaya buta singa wregil, O..
Pasthi jangga dhendhanya mangambak baya, E..
Ridhu mawur
Mangawur awur wurahan
Tengaraning ajurit
Gong maguru gangsa
Teteka ya putula
Wor panjriting turangga hesthi
Prekatak ingkang
Dwaja lelayu sebit
Gandane kang sekar gadhungKaworan kembang – kembang menur
Kongas esmu arum
Miwah oyod oyodan
Kadi kusuma mangambar ambar
Wor kukusing dupa kumelun kelun
Kadi mega kang memba bathara
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu ngedan ora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Beja bejane kang lali
Luwih beja kang eling lawan waspada, O
Kresna digdayeng gelung
Mandelengaken cakranira, O..
Kumitir aneng asta, e..
Hywang Candra purnama siddhi
Lintang araras kumenyar, O..
Hangrenggani antariksa, O..
Siler siler kang samirana, O..
Mbrengengeng si kumbang iku, O..
Antuk sejatining madu, O..
Dhedhep tidhem,
Prabawaning ratri,
Sasadara wus manjer kawuryan,
Tan kuciwa memanise,
Menggep srinateng dalu,
Siniwaka sanggya pra dasih,
Aglar neng cakrawala,
Winulat ngelangut,
Prandene paksa kabegan,
Saking kehing taranggana kang sumiwi,
Warata tanpa sela
Jaja bang mawinga winga
Netra kocak ngondar ngandir
Wedananira mbranang
Pindha kembang wora wari bang, E..
Kasemeta mrang sagedheng mubal murub dahanane
Amadhangi jroning pasareyan
Ngenani wadana remu remu kalingan ngangrangan
Sang dyah manahengkung sumungkem guling
Sang kakung ngrerepa
Alon wuwusira
Babo yayi eman eman, man eman eman
Piratenthik yayi ulun tadhah runtik
Ulun tadhah runtik,e..
Dresing karsaningsun dening kanyut, O
Manis riringnira ingsun Gusti
Roning kamal mirah ingsun
Esemira dhuk ing nguni
Sidhat agunging narmada
Gengya lir prabata
Abang kawelagar manguwuhing mungsuh haminta lawan
Anggro sru sringa manabda, O
Kadya yun hanubruka, E..
Semunira ririh eka balik
Ditya ni gandayoni
Tri sonya purnama sasi
Gilar gilar semedi tengahing latar, e
Leng lenging driya mangu mangu mangun kung
Kandhuhan rimang lir lena tanpa kanin,
Yen tan tulusa amengku sang dyah utama, e..
Ing imbanging cakrawala
Wayahe wus gagat enjing, O..
Rame swarane sota kukluruk sesauran, O..
Wetan soroting Haruna
Mega bang katon sumirat
Lir netraning angga rapuh
Sri Gunting ngoceh ambarung, E, O..
Lawa kalong luru pandhelikan, O..
Jrih kawananing semune
Wetan bang sulakipun, O..
Mratandhani yen bangun enjing
Rembulan wus gumlewang sak kuloning gunung
Ing padesan wiwit tebah
Lanang wadon sami angayahi kardi
Netepi kuwajiban, E..
Sak cipta cipta tan polih
Kang reraton raton rantas
Mrih luhur asor pinanggih
Bebendhu gung nekani kongas ing kanisthanipun
Wong agung nis gungira sudireng wirang jrih lalis, E..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar