Rabu, 01 November 2017

MADHEGE KUTHO PATI

Alkisah, naliko jaman mbiyen ing tlatah pesisir lor Jowo Tengah, ana loro kadipaten sing manggon ing kono, yaiku Kadipaten Parangggarudho  lan Kadipaten Carangsoka. Sing nguwasani Paranggarudho asmane Ratu Yudhopati, dene Carangsoka dipimpin karo Adipati Puspo Andhungjoyo. Ratu Yudhapati kagungan putra wuragil, asmane Raden Menak Josari, sing kondhang dadi joko sing ndhugal lan nakal. Adipati Carangsoka uga nduweni putri ontang-anting sing ayu banget, arane Roro Mas Dewi Rayungwulan. Kadipaten loro iki urip kanthi ayem, tentrem, guyub, rukun, samad sinamadan, lan doyo dinayan. Kacarita, ing Kadipaten Paranggaruda, Nyai Ratu Yudhapati, matur marang putrane.
Ratu Yudho   : Anakku Josari, emak arep kondho penting menyang kowe.
Josari              : Ono opo, makku
Ratu Yudho   : Le, kowe ki sakjane gagah pidekso, dedeg piyadegmu dhuwur, tur ganteng pisan. Kulitmu resik, bedo karo bocah2 lanang sakpantaranmu.  Nanging ono siji sing marakke emakmu sedhih banget. Rupamu sing bagus kuwi ora mbok barengi karo akhlak sing apik. Kowe ora tau ngibadah, malah senenganmu ndhugal lan seneng nglakoni maksiat. Owalah, anakku. Mbok yo mandheg ngger.
Josari              : Sampean ki lapo seh mak?!! Yo sakarepku to. Aku dudu bocah cilik maneh mak, wis orak pantes dituturi koyo ngono iku!!
Ratu Yudho   : Le, tak kandhani yo. Kuwi wis dadi kewajibane emak nuturi karo kowe. Eling ngger, miras, Judi, adu jago, narkoba kuwi haram, dilarang karo agomo lan negoro. Kowe opo ora wedi mbesuk yen mati mlebu neroko?
Josari              : Halah, yen mlebu neroko mbesuk lak kancane sepirang-pirang mak.
Ratu Yudho   : Astagfirullah le!!, emakmu wes ora kuwat maneh!!. Nek kowe ora leren lehmu tumindak maksiat, ojo pisan2 kowe ngaku dadi anakku, tak usir seko Paranggaruda kene!!
Josari              : (Sujud karo nyekeli sikile emake.) Ampuuun maaak!!!, iyo mak, aku gelem leren. Tapekno aku kudu mbok rabekne luwih dhisik.
Ratu Yudho   : Alhamdulillah, iyo le. Kowe pengen nikah karo sopo ye?
Josari              : Putrine paman Adipati Puspo Andhungjoyo kae kok ayu temen yo mak. Pas aku cangkruk neng pasar dhek wingi, aku pethuk karo dheweke. Lan ketok e, aku jatuh cinta pada pandangan yang pertama mak. Kiro2 jenenge sopo ya mak?
Ratu Yudho   : Jenenge Dewi Rayungwulan nak. Ooh, dadi kowe pengin nikah karo Rayungwulan to? Hooh le, emak ndukung kowe. Tak kandhani ya, Wulan iku bocahe ora mung ayu, ning ugo sholehah, sumeh, ugo grapyak karo sopo ae.
Josari              : Lha iyo kan?
Ratu Yudho   :Yowis, dino sesuk kowe kudu ndherek emak menyang kadipaten Carangsoka ya?. Bakal tak lamarke marang ramane Rayungwulan.
Josari              : Oke siap mak.
Ing dino mbesuke, Ratu Yudhopati lan Raden Menak Josari tumuju marang kadipaten Carangsoka saperlu nglamar Roro Mas Rayungwulan. Wong loro kuwi budal esuk banget supoyo ora keno macet ing tengah dalan. Ing pendopo Kadipaten Carangsoka, sang Adipati Puspo Andhungjoyo ingkang mentas wae nompo nawolo saking Ratu Yudhopati, lagi guneman karo putrine, Rayungwulan.
Dipati Puspo  : Rayungwulan, ndhuk..
Rayungwulan            : Kulo wonten dhawuh, kanjeng romo
Dipati Puspo : Mengko sore awake dhewe bakal kerawuhan tamu songko adoh. Tak suwun siro dandano sing becik, ngagemo sandhangan sing apik yo ndhuk. Ojo lali nganggo parfum sing wangi. Lan wektu iki ugo, ingsun bakal nyiapaken suguhan maneko werno kanggo tamu agung iki.
Rayungwulan            : Nuwun sewu romo. Wonten paridamel menopo kok tamu menika dipun sambut ngantos meriah kados makaten. Lan ugi, kulo kok dipun suwun dandan? Sejatosipun, wonten menopo njih romo?
Dipati Puspo  : Ngger, siro iku rak wus ngancik diwoso to, lan romo bombong marang sampean ndhuk. Awit pasuryanmu sing ayu manis tanpo cacat, lan solah bawamu sing mranani kuwi akeh jejoko sing gandrung kasmaran marang sliramu. Suaramu sing endah nalika maos ayat Qur’an, koyo2 nggeterno tembok pendopo kene. Kerono sabab2 iku mau sing marakke pangeran soko Parangggaruda duwe niyat ndadekake sira minangka dadi garwane, cah ayu.
Rayungwulan            : Sinten pengeran meniko romo.
Dipati Puspo  : Pangeran kuwi putrane panguwoso ing Paranggarudho, Ratu Yudhapati, jenenge raden Josari. Lan minongko dadi wongtuwamu, aku kepengin ngrungokne panemumu ngger.
Rayungwulan            : Kawulo nyuwun wekdal sawetawis kagem mikir kanjeng romo.
Dipati Puspo  : Kabeh manut marang siro ndhuk. Kabeh keputusane ono ing tanganmu
Rayungwulan            : Enggih, kulo nyuwun pamit bali dateng kamar sakmeniko.
Dipati Puspo  : Angen-angenen yo ndhuk. Mengko yen tamune wus teko, sliramu mreneo maneh kanthi wangsulan sing wes pesthi.
Rayungwulan            : Enjih, assalamualaikum.
Dipati Puspo  : Waalaikumsalam warohmatullohi wabarokatuhu.
Rayungwulan banjur bali tumuju ono senthonge kanthi nggowo roso sedhih. Dheweke ngupoyo supoyo biso uwal saka lamaraniro Raden Josari lan ora sido dadi garwane. Satemene Rayungwulan ora tresno mring Raden Josari sing ndhugal, ananging dheweke ora gelem nolak awit Dewi Rayungwulan sayang lan bekti marang wongtuo. Ora kroso wus wanci surup. Srengenge wis gumlewang ing jagat kulon. Lamat2 katon Raden Jasari lan emake mlaku ing pendapa Kadipaten Carangsoka saperlu methuki Dipati Puspo Andhungjoyo lan Dewi Rayungwulan.
Josari              : Mak, ayo mak. Aku wis gak sabar pengin ketemu karo Wulan mak. Ayo mak!!! (Sikil ginjal2)
Ratu Yudho   : Sabar to, Ri. Lha kae lho neng ngarep kae uwis katon cungkupe pendopo Carangsoka. ( tangane nduding)
Josari              : Ndang cepet tah maak!!! (Sikil ginjal2)
Ratu Yudho   : Sik to lee, makmu i wes tuwek, dadi mlakune ora iso cepet. (Menggeh2)
Josari              : Salahe kok gelem dadi tuwek. (Mlayu)
Ratu Yudho   : Jabang bayiiik. Entenono makmu lee!!. (Ndemek boyok)
Ing pendopo Carangsoka, Adipati Puspo Andhungjoyo lan Roro Rayungwulan wis samapto kanggo manggihi tamu saking Paranggaruda. Ora let suwe, Raden Josari lan Ratu Yudhapati teko.
Josari              : Horeee, adewe wis teko. (mencolot lunjak2)
Ratu Yudho   : Eling yo nak, nang njero pendopo mengko, sikapmu dijogo gih?
Josari              : Oyiii. Ayo ndang mlebu mak.
Ratu Yudho   : Heh heh!!. Sandale dicopot dhisik to. Koyo bocah cilik wae.
Josari              : Eh lali (garuk2 sirah trus cepot sandal)
Ratu Yudho   : (Tok 3x) Kulonuwun, assalamualaikum
Dipati Puspo  : Waalaikumsalam, wah monggo2 (nggeret kursi)
Ratu Yudho   : (lungguh kursi.) Piye kabar sampean? Apik2 wae to? Lha gendhuk Wulan ugo sehat?
Dipati Puspo  : Alhamdulillah sahabatku. Aku apik2 wae. Semono ugo Wulan, koyo sing sampeyan uwasi, soyo tambah ayu lan solehah.
Ratu Yudho   : Subhanallah ayunee. Anu, ngene ya kang. Aku teko mrene koyo sing wis tak kandhakne maring sampean, yokuwi aku arep nglamar putrimu kanggo putraku, Menak Josari. Lan saiki aku sowan mrene supoyo biso ngrungokke wangsulane gendhuk Wulan sing wis tak arep2.
Dipati Puspo  : Ooo, yen perkoro kuwi wis tak pasrahno marang Wulan. Dimen dheweke dhewe sing mangsuli
Ratu Yudho   : Ndhuk Wulan, kepiye wangsulanmu cah ayu?
Rayungwulan            : Kawulo kerso nampi panglamaripun Kangmas Josari lan siap dados garwanipun
Josari              : Horeee!!
Rayungwulan            : Nanging wonten syaratipun
Josari              : Syarat opo meneh sayang? Aku uwis gak sabar pengen rabi karo kowe!!
Rayungwulan            : Syaratipun inggih menika nalika resepsi mangke, kulo kepengin dipun wontenaken pagelaran wayang kulit. Lan dhalangipun kedah Ki Dhalang Soponyono ingkang sampun kondhang ing tanah Jowo. Menopo njenengan sagah?
Josari              : Hahaha, opo wae bakal tak lakoni kanggo kowe sayang.
Ratu Yudho   : Yen mengkono, aku lan anakku nyuwun pamit kanggo nyanggupi syarat soko putrimu. Assalamualaikum
Dipati Puspo  : Wah iyo2 sahabatku. Waalaikumsalam warohmatulloh
Raden Josari banjur nggoleki dununge Ki Dhalang Soponyono, dene Ratu Yudhapati ngenteni ing pesanggrahan sakcedhake Carangsoka. Raden Josari nelusuri pelosok2 desa lan nggoleki informasi. Lan pungkasane, dheweke kepethuk griyane ki dhalang ing deso Roban.
Josari              : (Ekspresi berhasil) Yosh, akhire ketemu. Mugo2 ora kleru alamate. (Tok 3x) Assalamalaikum
Dhalang          : Waalaikumsalam. Wah monggo2
Josari              : Oh, iyo mas dalang
Dhalang          : Panjenengan sinten nggih Ki Sanak, lan wonten  menopo kok rawuh wonten gubug kulo ing dusun Roban ngriki
Josari              : Iyo mas dalang. Aku iki pangeran songko Kadipaten Paranggaruda, putrane Ratu Yudhopati, Jenengku Raden Josari. Nitik soko kepinteran sampean ndhalang, aku kepengin nanggap sampean naliko resepsi nikahku karo Dewi Rayungwulan.
Dhalang          : Nggih2, kulo paham, tapi, wani piro?
Josari              : Alah gampang. Nek sampean iso ndalang sing dahsyat, bakalan tak wenehi sepiro wae sing mbok jaluk.
Dhalang          : Deal nggih? (salaman)
Josari              : Deal. Lan saiki ugo ayo melu aku menyang Carangsoka
Dhalang          : Mangke rumiyin. Kulo tak siap2. Panjenengan tenggo ten ngajeng saget?
Josari              : Oyii. Ning ojo suwe2 mas dalang.
Dhalang          : Njih den
(Josari metu seko omah dhalang lan dhalang lagi nyiapne barang2. Bubar kuwi dhalang metu omah karo nggowo perlengkapan2 lan wayang)
Dhalang          : Monggo kulo pun siap
Josari              : Ayo budhal saiki
Raden Josari lan Ki Soponyono bali marang Carangsoka kanggo nemoni Ratu Yudhapati.  Sakwise pirang2 dina, wong loro kuwi teko ing pesanggrahan sacedhake Carangsoka lan ngadhep marang Ratu Yudhapati.
Josari              : Assalamualaikum mak
Ratu Yudho    : Waalaikumsalam le. Piye hasile? Apa kowe wis nemoni dalang kondang kuwi?
Josari              : Ora terimo mung tak temoni, malah saiki kasil tak gowo ngadep ono ngarepmu mak, kelebu wayang sak kothak gamelan, lan ugo peralatan2e.
Ratu Yudho   : Wah.. pancen kowe anake emak tenan le, hebat. Lha banjur dalange endi? Timbalono mrene gage
Josari              : Iya mak (ngalih nyeluk dalang Soponyono). Iki dalang Soponyono, dalang sing wis kondang kaloka ing tanah Jowo.
Dhalang          : Assalamualaikum, ngaturaken sembah pangabekti kanjeng ratu
Ratu Yudho   : Waalaikumsalam mas dalang. Dadi pean sing jeneng Dhalang Soponyono?
Dhalang          : Inggih, leres kanjeng
Josari              : Syukur mak, aku sido rabi kambek Wulan!!
Ratu Yudho   : Hahaha, amargo syarat wis biso disembadani, sesuk awake dhewe ngadep marang Adipati Puspo, lan nyepakno peralatan2 kanggo pahargyan nikahmu karo Wulan.
Raden Josari, Ratu Yudho lan Dhalang Soponyono lungo menyang pendopo Carangsoka kanthi maneko macem barang lan alat2 sing wis lengkap. Syarat sing dikersakake Rayungwulan wis kasil diwujudi.
Ratu Yudho   : Assalamualaikum, calon besanku
Dipati Puspo  : Waalaikumsalam. Opo anakmu wis biso nyembadani syarat sing diajokake dening putriku, Ratu Yudho?
Josari              : Anu, enjih bapak morotuwo. Kulo teng mriki kagem ngelamar dek Wulan, dene syarate empun kulo wujudi lan sampun kulo siapne.
Rayungwulan            : Kangmas Josari, pundi Dhalang Soponyono ingkeng kulo syarataken?
Josari              : Ojo kuwatir dek, ing mburiku iki sing jenenge Ki Dhalang Soponyono sing terkenal ndek dunia nyata lan dunia ghaib.
Naliko Dewi Rayungwulan nyawang Dhalang Soponyono sing bagus, gemeter badane Rayungwulan lan suwe2 tuwuh asmoro marang Ki Dhalang. Sang dhalang banjur ngenalake diri marang Adipati Puspo Andhungjoyo lan Dewi Rayungwulan.
Dhalang          : Dipun tepangaken sinuwun, nami kulo dhalang Soponyono, saking dhusun Roban
Ratu Yudho   : Kakang Puspo, njur kapan dianakake pahargyan dhaupe putraku lan putrimu?
Dipati Puspo  :  Ehemm, ndhuk, kapan awakmu siap nikah karo Raden Josari?
Rayungwulan            : Insyaallah, benjing romo
Josari              : Okelah, dek Wulan sesuk macak sing ayu yaa..
Ing dino mbesuke, pesto digelar kanthi meriah. Raden Josari seneng banget biso sesandhingan karo dewi Rayungwulan ing pelaminan. Ki Dhalang ugo wis nggelar cerito wayang. Nanging, ing satengahe pagelaran wayang, dumadakan Rayungwulan mlayu soko pelaminan menyang panggung wayang lan ngrangkul tangane Dhalang Soponyono. Rayungwulan wis terpesona lan tresno marang dalang Soponyono sing praupane luwih bagus sarto pinter ndhalang, tinimbang Raden Josari sing tansah ngumbar howo nafsune.
Dhalang          : (Nutuk dhog2 karo dolanan wayang) Bumi Gonjang Ganjing Langit Kelap-Kelap Katon, OOOOONGG..
Rayungwulan            : (mlayu seko kursi karo nangis nggondheli tangan dalang) Kangmas Soponyono, slametno aku soko pernikahan iki, slametno aku soko Raden Josari, aku emoh nikah karo dheweke, yen kangmas ora gelem nulung aku, aku tak mati wae!!!
(Kabeh hadirin klebu Ratu Yudho, Josari, lan Adipati Puspo kaget lan ngadek banjur Ratu Yudho nyedhaki Wulan lan Soponyono)
Ratu Yudho   : Onok opo iki?! Rayungwulan!! Mbaliko menyang kursimu!! Cepet!! (karo mekso lan narik tangane Wulan. Dalang spontan nyabetne kerise nyang awake Ratu Yudho.)
Dhalang          : Culno!! (nusuk wetenge Ratu Yudho nganggo keris). Dewi, ayo ngalih soko kene!! (narik tangane Wulan)
Rayungwulan            : Ayo kangmas!!
Josari              : MATIII AKUUUU!!!! Adipati Puspo!! Aku rumongso dilecehake mergo kedadean iki, trus saiki emakku mati!! Dino iki kowe yo kudu mati!!
Dipati Puspo  : Raden, ampun raden, sepurane!!! Aaargghhh!!! (ditusuk karo Josari)
Josari              : Heyy Dalang!! Wulan!! Ojo mlayu kowe!!! (ngangkat tangan karo nyekel keris)
Kahanan saknaliko owah dadi dahuru. Dalang Soponyono lan Dewi Rayungwulan kabur menyang alas. Raden Josari nesu banget lan dendam marang sang Dalang, terus nguber dheweke. Dewi lan Dalang mlayu nganti kedheseg ono pinggir jurang. Akhire Raden Josari biso nyusul wong loro kuwi.
Josari              : (Menggeh2) Huh, akhire kowe kabeh iso tak temokne, hahahaha. Dhalang!! Balekno Wulanku!! Nek ora, kelakon kowe mati ono tanganku!!
Dhalang          : Raden Josari!! Wulan bakal tak ulungake yen kowe wis biso nglangkahi bangkeku!!
Josari              : Keparat!!
Perang antarane Raden Josari lan Dhalang Soponyono ora biso diendhani. Kekarone tandhing perang kanthi sengit. Lan pungkasane Dhalang Soponyono nganggo kasektene biso ngalahake Raden Josari. Raden Josari banjur dijegurake jurang.
Josari              : Aaaaaaaa!!! Tulunggg!!!
Dhalang          : Dewi Rayungwulan, opo gelem sampean dadi bojoku?
Rayungwulan            : Mmm... njih kerso kakang..
Dhalang          : Yen ngono, ayo awake dhewe bareng2 mbukak alas lan mbabati wit2an sing ono kene supoyo dadi panggonan sing luwih layak. Lan bakal tak jenengake daerah anyar iki kanthi jeneng deso PATI
Dhalang Soponyono kanthi kasektene mbabati wit2an kanggo mbukak lahan anyar. Taun ganti taun, penduduk ing kono soyo akeh ugo makmur, lan daerah kuwi tambah rame nganti dadi kutho gedhe, yoiku kutho PATI..


***PARIPURNA***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar